Laman

Rabu, 08 Mei 2019

SMP Negeri 3 Banjarnegara Prestasine Kewentar

 
SMPN3BANJARNEGARA-SMP Negeri 3 Banjarnegara, sewijine sekolah unggulan neng Kabupaten Banjarnegara. Alamate neng Jl. Raya Rejasa KM. 3, Kecamatan Madukara, Kabupaten Banjarnegara.

Sekolahe neng Pinggir gili gedhe.  Siswa sekang arah ngendi bae gampang nggone meng SMPN 3 Banjarnegara sebabe akeh pisan angkutan umum sing liwat temuju ngarep sekolah.  Akehe siswa-siswa kuwe mau umahe sekang kecamatan Banjarnegara, Madukara, Banjarmangu uga sekubenge.  Umume siswa-siswa mangkat mulih meng sekolah numpak angkot utawa bis.  Ningen bocah sing umahe pedhek sekolah ya pada mlaku bareng-bareng karo kancane.

SMP Negeri 3 Banjarnegara uwis dipercaya neng masyarakat kanggo nyekolahna putra-putrine.  Senajan adoh sekang ngumah ningen wong tuwa padha milih sekolah neng kene.  Mergane nduweni pirang-pirang prestasi utawa "daya tarik".

Fasilitas Lengkap

Kepala Sekolah SMPN 3 Banjarnegara, Suratno, S.Pd, sing klairan Banjarnegara 22 September 1966 kiye kejaba ahli neng bidang matematika uga prigel neng bidang seni. Sekiye dheweke uga aktif neng grup musik keroncong lan karawitan.  Kejaba kuwe uga dedapuk dadi sekretasris MGMP Matematika Kab. Banjarnegara masa bhakti 2010 - 2012.  Manut prestasine mulane ora gumun angger SMPN 3 Banjarnegara duwe program pembelajaran sing apik, kreatif, inovatif lan nyenengna.  Apamaning sekolah uga desengkuyung dening27 guru profesional lan lulusan PT sing duwe ijazah S1 uga S2.

Sarana lan prasarane uga apik lan pepek, ora mung wujud gedhung ningen uga alat-alat peraga pembelajaran.  Kejaba ruang pembelajaran, uga ana laboratorium IPA sing dilengkapi alat lan bahn praktek. Neng laboratorium uga ana komputere pirang-pirang sing wis disambungna kambi internet.  Angger pas praktek komputer, saben siswa nyekel komputer siji ewang.  Mulane siswa seng SMP 3 pada prigel nganggo komputer lan internet.

Neng babagan olah raga, siswa SMP Negeri 3 Banjarnegara depasilitasi lapangan sing amba nganggo pirang-pirang olah raga.  Yakuwe pencak silat, bal-balan, voli, tenis, badminton, pimpong, senam, atletik, lan olah raga liyane.   Perpustakaane uga kepenak nggo sianu bocah-bocah.  Kejaba bukune sing akeh, ruangane adhem lan nyaman kanggo maca lan sinau.

"Kanggo ningkatna iman lan taqwa, SMP Negeri 3 Banjarnegara ngulinakna kegiyatan maca donga sedurunge pelajaran, sembahyang dzuhur jamangah, tadarus uga ngapalna surat cindhek.  Sembahyang dzuhur jamaah wajib kanggo bocah lanang lan wadhon sing agamane Islam.  Sholat jumatan wajib kanggo bocah lanang, angger bocah wadhon melu pengajian keputrian. Angger bocah sing seliyane Islam desediakna kegiyatan sing pas karo agama lan kepercayaane," uajare Pak Suratno.

Komite sekolah SMP Negeri 3 Banjarnegara uga reka daya mbangun hubungan sing apik karo senjabane lingkungan sekolah.  Desengkuyung SD lan MI ora mung lulusane ngelanjutna neng SMP Negeri 3 Banjarnegara.  Ning saben sekolah nganakena acara pentas seni anyaten akeh bocah-bocah SD lan MI sing melu tampil.

"Mulane sedurunge bocah-bocah kuwe padha naptar sekolah neng kene, wis wawuh disit karo lingkungan SMP Neegri 3 Banjarnegara.  Ora mung timgkat SD.  SMA lan SMK uga nyenkuyung banget," Pak Kepala Sekolah nutugna.

Arsy Anafi sing dadi Ketua OSIS SMP Negeri 3 Banjarnegara mas bhakti 2018/2019 ngujar lamona dheweke mongkog pisan dadi siswa SMP Negeri 3 Banjarnegara.  Guru-gurune profesional lan nggatekna banget goli mbimbing siswa supayane dadi bocah sing taqwa, duwe prestasi lan daya guna. Mulane pas banget angger SMP Negeri 3 Banjarnegara dearani sekolah rujukan sing nembe lulus SD lan MI sing arep nerusna maring SMP.  Visi misi SMP Negeri 3 Banjarnegara yakuwe TAQWA, PERSTASI lan DAYA GUNA.

Desengkuyung Pengusaha

SMP Negeri 3 Banjarnegara desengkuyung dening perusahaan sing kawentar neng Banjarnegara. Contone Surya Yudha Park (SYP) Banjarnegara aweh layanan khusus yakuwe kegiyatan ekstrakurikuler renang lan futsal delakokna neng kolam renang lan lapangan futsal SYP.

Seliyane kuwe uga desengkuyung dening arung dhawet Keluarga Bapak Munarjo.  Kegiyatan sing wis delakokna antarane nganakna gladen gawe dhawet ayu kanggo siswa-siswi SMP Negeri 3 Banjarnegara.

Pencak Silat Mendunia

Ekstrakurikuler sing ana neng SMP Negeri 3 Banjarnegara yakuwe khotbah, seni tek-tek, rebana, band, voli, basket, tenis, lapangan, pramuka, renang lan futsal.  Uga ekstrakurikuler unggulan pencak silat.  Sekang ekstrakurikuler pencak silat, akeh nglairna atlit neng Banjarnegara sing juara tingkat kabupaten, provinsi, nasional malah tingkat dunia.  Sing dadi juara pencak silat internasional contone: Triana Ragil asli Banjarnegara, juara 1 neng Junior Word Pencaksilat Champion Cup 2018 neng Thailand.  Seuwise lulus SMP Negeri 3 Banjarnegara dheweke olih beasiswa nutugna sekolah neng SMA Negeri 11 Semarang.

Prestasine pencak silat SMP Negeri 3 Banjarnegara ora mung kuwe thok.  Saben taun, uwis pitung daun dadi juara umum tingkat kabupaten.  Prestasi sing paling anyar nalika taun 2019 olih 5 emas 2 perak tingkat kabupaten dening Putri Cakra, Aswari Wanda, Nazal, FArida Ais lan Febrianti.  Taun 2018 wingi atlit pencak silat sing olih emas ana telu, yakuwe Anto Dwi Prasetyo, Ambar lan Febrianti.

Kejaba prestasi neng pencak silat, uga neng cabang liyane.  Sing paling anyar neng taun 2019 kiye, cabang renang lan tenis lapangan.  Cabang renang taiun 2019 atlit Daksana Abimanyu dadi juara 3 renang kelompok 200 meter gaya kupu-kupu tingkat kabupaten.  Njur neng cabang tenis lapangan.  Taun 2019 atlit tenis lapangan yakuwe Muhammad Tito dadi juara 1 tenis lapangan tingkat kabupatenlan arep makili Banjarnegara neng tingkat provinsi.

Moga-moga prestasi SMP Negeri 3 Banjaregara bisa dadi motivasi kanggo kabeh warga sekolah negmbangna bakat lan keprigelane.  Mayuh padha dedongakna moga-moga SMP Negeri 3 Banjarnegara sengsaya jaya. (ol)

*Sumber: Majalah ANCAS Nomer 108/ Taun IX/ Edisi Mei 2019 kaca 6-7

3 komentar: